Wikisastra:Dasanama

Dasanama utama Cacah Nama, kapratelakakên namanipun satunggal-tunggal kang gumêlar wontên ing jagad, utawi namanipun ingkang wontên salêbêting badan sajawining badan, kapratelakakên kados ing ngandhap punika warninipun sadaya.

Dasanama manungsa

besut
  • Dasanamaning lanang: jalu | jalêr | priya | kakung.
  • Dasanamaning èstri: wadon | wanudya | pawèstri | dyah | stri | darini.
    • taruni. Têgêsipun yèn dèrèng masa dados kaupamèkakên godhong ênèm, inggih sinom.
    • kintaka. Têgêsipun manawi sampun masa, dados kaupamèkakên sêkar pudhak.
    • wahila. Têgêsipun yèn taksih kapingit.
    • wararana. Têgêsipun yèn wontên paprangan]], wijangipun wara: wadon, rana: paprangan.
    • lantasi. Têgêsipun yèn lumajêng.
    • wanodya. Têgêsipun yèn sampun panggih.
    • marnadu. Têgêsipun yèn sampun sapaturon, kajêngipun marana adu, inggih abên prang tangkis, akalihan waos.
    • sarika. Têgêsipun yèn sampun anak-anak, dados kaupamèkakên sêkar.
    • kênya. Têgêsipun yèn taksih parawan, kaupamèkakên yèn taksih wantah.
    • rara. Têgêsipun yèn taksih parawan tanggung dados kaupamèkakên pindha sêsotya.
    • parawan. Têgêsipun wadon ingkang taksih dèrèng laki, têgêsing prawa, sorot, dados kaupamèkakên taksih sumorot, kapirit saking dèrèng kalong cahyanipun, punapadene taksih suci, inggih punika taksih lêgan loncang-lancing.
    • èstri. Têgêsipun rêmbês tigang prakawis, 1 ngêdalakên toya, 2 mijilakên rah, 3 mahyakakên mani nutpah.

Dasanama badan

besut

Dasanama sandhang mangangge

besut

Dasanama tethuwuhan

besut

Dasanamaning pantun satunggal-tunggal utawi namaning kang sarwa tumuwuh sapanunggilanipun. Minôngka dados kalangkunganing sêsêrêpan. Kapratelakakên ngandhap punika.

Punika namanipun sawarnining kêkrowodan ingkang dados ewoning rijêki, kapratelakakên namanipun piyambak-piyambak kados ing ngandhap punika.

Punika pratelaning pala kasimpar utawi pala kapêndhêm ingkang dèrèng kasêbut ing ngajêng, pratelanipun satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika.

Dasanama kewan

besut

Punika cacah namaning ulam lèpèn utawi ulam bênawi, satunggal-tunggaling nama kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

Manuk

besut

Punika pratelanipun namaning pêksi satunggal-tunggal. Kaurutakên saking bangsanipun piyambak-piyambak, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Dasanama gegriyan

besut

Punika namanipun dhapuring griya satunggal-tunggal. Sami kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Punika cacah namaning griya joglo sapanunggilanipun, ingkang sami singup tumpang dhadha pêksi sunduk kili:

  1. joglo lanangan
  2. joglo lambang
  3. joglo lambang gantung
  4. joglo carang gantung
  5. joglo lumajang
  6. joglo sêmar tinandhu
  7. joglo cêblokan
  8. joglo gêbêgan
  9. joglo sanggitan
  10. joglo mayang mêkar
  11. joglo antêban
  12. joglo witana
  13. joglo bale

Punika namaning dêdamêl ingkang kalampah kala zaman kina, namanipun satunggal-tunggal kapratelakakên kados ing ngandhap punika]].

  1. gada
  2. bajra
  3. lori
  4. boji
  5. bindi
  6. salukun
  7. musala
  8. badhama
  9. alugora
  10. tanggul
  11. alu-alu
  12. gandhi
  13. piling
  14. palu
  15. rajang
  16. kalawati
  17. puthu
  18. manggala
  19. cakra
  20. dhêndha
  21. sarampang
  22. cacap
  23. calimprit
  24. barandang
  25. duduk
  26. limpung
  27. martyu jiwa
  28. konta
  29. tomara
  30. ambar angin
  31. makala
  32. sangkali
  33. dhadhali
  34. candrasa
  35. candra purnama
  36. adar candra
  37. trisula
  38. nagapasa
  39. tamsir
  40. parasu
  41. druwasa
  42. baradi
  43. calum
  44. sali
  45. busur
  46. cèkèl
  47. ganjur
  48. gudebag
  49. gadorak
  50. jonggrong
  51. jinggring
  52. kanjar
  53. sakri
  54. kalaka
  55. sadhaka
  56. curiga

Dasanama werna-werni

besut

Dasanama deduluran

besut

Dasanama pangwasa

besut

Namaning Ratu

Rèhing Pandhita

  • Saking ngandhap anama Indhung-indhung. Têgêsipun: tiyang karerehan ingkang sawêg mondhok, damêlipun babad-babad wana saubêngipun ing ardi.
  • Inggahipun malih anama Gêluntung. Têgêsipun: tiyang sampun gêgriya nyagak sakawan, damêlipun angrêrêmbat, usung-usung, mêndhêt kajêng tuwin toya.
  • Inggahipun malih nama Uluguntung. Têgêsipun: lurah kampung, inggih kabêbahan amranata sadaya padamêlan.
  • Inggahipun malih anama Cantrik. Têgêsipun: ingkang kabêbahan angladosi samukawis, utawi jagi kengkenan.
  • Inggahipun malih anama Cèkèl. Têgêsipun: juru tanêman, utawi jagi rumêksa patêgilan, awon sae wontên tanggêlaning Cèkèl.
  • Inggahipun malih anama Puthut. Têgêsipun: ingkang rumêksa sanggar palanggatan, utawi kabêbahan masang pirantosing sêsaji pamujan.
  • Inggahipun malih anama Mamanguyu. Têgêsipun: ingkang kabêbahan anabuh gêntha kêkêlèng salêbêtipun pamujan.
  • Inggahipun malih anama Janggan. Têgêsipun: ingkang dados juru sêrat, utawi anganggit-anggit.
  • Inggahipun malih anama Wasi. Têgêsipun: ingkang dados juru pangadilan, angrampungi prakawis.
  • Inggahipun malih anama Ajar. Têgêsipun: juru mêmulang, kawajibaning para ulah arja.
  • Inggahipun malih anama Pandhita. Têgêsipun: guru agêng ingkang sarwa putus, wajib sinêbut Panêmbahan.

Rèh pandhita Èstri

  • Saking ngandhap anama Obatan. Têgêsipun tiyang èstri brêgajagan, jagi sêsadean utawi têtumbas dhatêng pêkên.
  • Inggahipun anama Abêt-abêt. Têgêsipun: jagi mangangsu utawi ramban.
  • Inggahipun malih anama Abon-abon. Têgêsipun: jagi panyapu utawi mêmasuh, sêsuci sapanunggilanipun.
  • Inggahipun malih anama Kaka-kaka. Têgêsipun: tiyang èstri jagi olah-olah.
  • Inggahipun malih anama Endhang. Têgêsipun: jagi kengkenan utawi ngladosi.
  • Inggahipun malih anama Bidhang. Têgêsipun: jagi dados inya, anêsêpi putra wayahipun kiyai ajar.
  • Inggahipun malih anama Dhayang. Têgêsipun: jagi têtêbah, utawi anyêbari sêkar ing sanggar palanggatan.
  • Inggahipun malih anama Sontrang. Têgêsipun: dados dhukun, amulasara sukêr sakit, utawi anggulawênthah anggadarèn putra wayahipun ki ajar.
  • Inggahipun malih anama Mêntrik. Têgêsipun: pinitados juru rêrawat samukawis bangsaning busana, punapadene dhêdhaharan sapanunggilanipun.
  • Inggahipun malih anama Dungik. Têgêsipun: pêpingitan badhe dados garwanipun kyai ajar, padamêlanipun cariyos lêlampahan jaman kina, ingkang dados têpa palupinipun para pawèstri, kalanturipun dipun wastani Kôndhadongèng.

Ya ta ing ngandhap punika lajêng amratelakakên namaning wadyabalaning ratu satunggal-tunggalling wadya dalah kawajibanipun piyambak-piyambak sami kapratelakakên ing ngandhap punika, sarta uruting pêpangkatan sami dipun têgêsi piyambak-piyambak.

  • patih: parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah para wadya sadaya. Utawi ingkang kapasrahan pangawasa anampurnakakên parentah saulahing panata praja.
  • adipati: pangagênging parentah, inggih punika ingkang winênang anampèni parentahing ratu, utawi ingkang kaserenan pangawasaning pêpatih amarentahakên patraping lêlêrêsan.
  • senapati: amangku parentah, inggih punika ingkang winênang anggadhuh pangawasaning ratu, kapasrahan angrèh para prajurit. Amariksani ingêripun gêlaring prang, anglanglang pringgabayaning paprangan.
  • bupati: bawahaning parentah, inggih punika ingkang winênang amarentah dhatêng bawahipun piyambak. Utawi kalêrêsan anampèni parentah saking pêpatih.
  • adipati kupu: adipati mardika, inggih punika ingkang amadanani para pandhita, utawi para pradikan ing sapanunggilanipun sadaya, winênang amarentahakên saulahing panata agama.
  • tumênggung: dhênggung, utawi têtindhih. Inggih punika ingkang winênang amariksani samukawis lêlampahan ayahaning ratu, saha kabêbahan ulah dêdamêl ingkang dados agêming ratu, sarta kawajiban ananggêl awon saening kancanipun.
  • nayaka: panunggul, utawi pangirid. Dening dados pangagênging bala, inggih punika ingkang winênang amatah padamêlaning bawah karerehanipun sadaya.
  • wadana: rai, utawi pangajêng. Inggih punika ingkang winênang dados ulu-ulu patraping padamêlan. Saha ingkang wajib dados pangajênging lampah.
  • punggawa: pangayap, utawi pangawinan. Têgêsipun malih pangampilan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados têtindhihing ampilan upacara kapraboning ratu]], utawi [[angampil parentahing pêpatih.
  • ariya: luhur, utawi padhang, inggih punika santananing ratu ingkang winênang anunggil padamêlan kalihan para wadana utawi para wadana ingkang taksih kalêbêt santana punika wênang sinêbur ariya.
  • sinangarya: sinêbut luhur. Inggih punika para punggawa ingkang winênang anunggil padamêlan kalihan para santana.
  • panji: panunggul. Inggih punika santana ingkang winênang dados pangajênging prajurit.
  • pameya: bôngsa linuwih. Inggih punika bangsaning para agêng ingkang winênang dados sêsulih anglampahi padamêlaning para punggawa.
  • kaliwon: kapiji, dening winênang anampèni parentah saking bupati, utawi têgêsipun malih kalih ewon. Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya kalih èwu.
  • panèwu: Golongan. Dening winênang anampèni parentah saking kaliwon, kadhawahakên dhatêng golonganipun. Utawi têgêsipun malih panewon. Punika kabêkta saking lênggahipun kala ing kina siti dhusun karya sèwu.
  • mantri: linuwih, utawi sapocapan. Dening kawênangakên imbalan wacana kalihan para agêng, saha langkung waskitha kadadosanipun ing lampah tigang prakawis.
    • Ingkang rumiyin nistha, inggih punika sagêd anyinggahi patraping lampah ingkang dhawah nistha.
    • Kaping kalih madya, inggih punika sagêd anêtêpi patraping lampah ingkang dhawah madya.
    • Kaping tiga utama, inggih punika sagêd angantêpi patraping lampah ingkang dhawah utami.
  • arya pêpati: wadana parentah. Inggih punika ingkang kapitadosan anampèni dhawah anglampahakên parentah.
  • arya tiron: wadana panulad. Inggih punika ingkang kapitadosan amêmulang ing lampah utami, utawi ingkang kabêtahan amatrapakên sakathahing padamêlan lêrês, saha ingkang winênang anjagèni pandamêling mêngsah.
  • aryaleka: têgêsipun wadana pananggalan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya ahli etanging palak pananggalan sapanunggilanipun.
  • aryajômba: wadana pasucèn. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya pangulu toya, ingkang sami ulah rêrêsik salêbêting pura, utawi ngrêsiki pasiramaning ratu.
  • arya manguri: wadana pamudharan. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya jêksa, winênang amudhari karampungan ingkang dèrèng lêrês. Kawajibanipun amrayogi lampahing prakawis.
  • arya niti: wadana sêtya. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya gêdhong, winênang anggêmèni kagunganing ratu, saha amariksani damêling para wadya among tani sadaya.
  • arya kôndha: wadana dagang. Inggih punika ingkang kapitadosan anglurahi para wadya sudagar, kawajibanipun amariksani ingkang sami anglampahakên wêdaling gêgramèn ingkang saking nagari]], utawi lêbêting gêgramèn ingkang saking amôncapraja.
  • patya tandha: amarentah tôndha. Inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabeyan bandar dharat. Kawajibanipun anyêpêng pangawasaning pêkên ing sapanunggilanipun sadaya.
  • pêcatôndha: wêtahing têmbung: pêcatôndha, têgêsipun pamêcat andhaning baita, inggih punika ingkang kapitadosan amadanani para pabeyan bandar laut sadaya, kawajibanipun anyêpêng pangawasaning muara sagantên ing sapanunggilanipun.
  • tôndha mantri: mantri tôndha. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pamupu beyaning pêkên.
  • ôndhamoi: pangkataning pangulah, inggih punika ingkang kabêbahan amêmangkat ulahing padamêlan. Ingkang pancèn ulah padamêlan agal utawi lêmbat. Sami pinatah piyambak-piyambak padamêlanipun.
  • daksa: jêjênêng. Inggih punika wadya jêksa ingkang kabêbahan angrampungi lêlêrêsaning prakawis.
  • jambaleka: padhang wulan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juru amariksani samukawis. Saha winênang amot amêngku wisesa dhatêng prakawisipun tiyang ulah wisaya amêndhêt ulam toya.
  • pujôngga: ulah pamêsu raga. Inggih punika ingkang kabêbahan anganggit cariyos mawi kasêkarakên. Kawajibanipun amêmantês uruting ukara kalihan amatrapakên tatakramaning sêrat kintunan ingkang sagêd angrapêtakên ing arênggang.
  • panjang jiwa: wêtahing têmbung: panjang jihwa, têgêsipun lidhah panjang, inggih punika ingkang kabêbahan andhawahakên parentah.
  • ulubalang: pangajênging pacalang, inggih punika ingkang kabêbahan dados juru anglampahakên sêrat.
  • anggandhèk: anyandhik. Inggih punika ingkang tinêdah angêmban timbalaning ratu, utawi ingkang kabêbahan angrukti pirantosing pagantenan.
  • kabayan: lantaran. Inggih punika ingkang kabêbahan dados lantaran andhawahakên parentah.
  • angabèi: angimpuni, dening anarambahi lampahipun ing padamêlan sadaya.
  • dêmang: cêcêpêngan utawi bêbundhêl. Inggih punika ingkang kabêbahan anyêpêng padamêlan bawah padhusunan. Utawi kapitadosan anyêpêng sakathahing lêlangên busana karajan sapanunggilanipun. Winênang amêmantês panganggèning para wadya sadaya.
  • rôngga: wêwêngku utawi pangrêngga. Inggih punika ingkang kabêbahan anyaèni sawêwêngkoning bawahan. Winênang amangun sêsikon padalêman salêbêting pura, miwah angrakit pasanggrahan.
  • kandhuruhan: paserenan. Inggih punika ingkang kaserenan dhawah utawi anampurnakakên parentah.
  • pasêpan: têtêlik. Inggih punika ingkang kapitadosan dados juru pangingsêp-ingsêp samukawis.
  • pamotan: pangêmotan. Inggih punika ingkang kapitadosan amingit wêwadosing ratu.
  • karêrêngan: kawingitan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juruning panglanglang salêbêting pura.
  • kajinêman: kasidhêman. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juru panglanglang salêbêting praja.
  • pandêlêgan: panêngkêlan, utawi panênungan. Inggih punika ingkang kabêbahan dados juru tênung miwah juru nujum ingkang bôngsa pêpetangan sapanunggilanipun.
  • palimpingan: pralambangan. Inggih punika ingkang kapitadosan ulah jangkaning nagari.
  • pasingsingan: sabarangan. Inggih punika ingkang winênang ambawahakên para wadya griya sadaya.
  • salingsingan: salisiban, utawi saliringan. Inggih punika ingkang winênang ambawahakên para wadya anon-anon sadaya.
  • pakulupan: pamagangan. Inggih punika ingkang winênang angrèhakên para wadya pamagangan sadaya.
  • pangalasan: juru wêwanan. Inggih punika ingkang kabêbahan amêndhêt kajêng dhatêng wana.
  • tuwaburu: tukang ambêbujêng. Inggih punika ingkang kabêbahan amêndhêt sato wana, winênang angrêramu sato galak.
  • wuruk: kusiripun ing titihan padhati.
  • mantri panglima: mantri mônca gangsal. Inggih punika pangagênging mantri amônca dhusun, alênggah mantri panèwu.
  • umbul: pêpundhèn. Inggih punika ingkang dados wadananing têtiyang padhusunan, alênggah mantri panatus.
  • bêbuyut: sêsêpuh. Inggih punika ingkang dados kamisêpuhing têtiyang padhusunan. Alênggah mantri panèkêt.
  • adèn-adèn: kaluwihan. Inggih punika ingkang dados guru utawi panguluning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah mantri panglawe.
  • lurah: ulu-ulu, utawi kapala, têgêsipun malih pangajênging panggenan. Inggih punika ingkang kawênangakên dados sêsirahing padamêlanipun têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing mantri panglawe.
  • patinggi: pamangkat. Inggih punika ingkang kawênangakên amêmangkat padamêlaning têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing lurah.
  • bêkêl: têngga utawi tênggah. Têgêsipun malih ancêr. Inggih punika ingkang kawênangakên rumêksa awon saening padhusunan. Alênggah sapalihing patinggi.
  • paragak: guru, utawi pakah, inggih punika ingkang kabêbahan anglêrêsi prakawisipun têtiyang alit ing padhusunan. Alênggah sapalihing bêkêl.
  • sikêp: pirantos. Inggih punika têtiyang alit ingkang anyanggi damêl. Alênggah sapalihing paragak.
  • karaman: arahan, utawi anjrahan. Inggih punika têtiyang alit ingkang botên anyanggi damêl. Amung ngindhung abarak sakawan kemawon.

Punika wêwijanganing namanipun para priyantun satunggal-tunggal. Nama saha lajêng tinêgêsan. Kados ing ngandhap punika.

Ing ngandhap punika jarwanipun namaning ratu, utawi para santana abdi ingkang dèrèng kasêbut ing ngajêng wau, sami dipun jarwani namanipun piyambak-piyambak.

Sêbutaning nama --- Têgêsipun

Dasanama jagad

besut
  • Dasanamaning lèpèn: narmada | sungiya | banawi | banawa | minaka.
  • Namaning Kali
    • kali. Têgêsipun kaili, dene kailenan toya.
    • lèpèn. Têmbungipun ngajêng lèpwèn, kajêngipun lèp, wèn, têgêsipun ilèn-ilèn, wèn, panggenan toya.
    • narmada. Lêrêsipun têmbung, naharmada, têgêsipun pangêmotaning banyu.
    • bangawan. Lêrêsing têmbung ngajêng, banawan wijangipun ban: banyu, awan: dalan, dados dalaning banyu.
    • banawi. Banawe, têgêsipun kumpulaning banyu.
    • ci. Têgêsipun gèn pasucèn.

Dasanama dewa-dewi

besut

Namaning Dewa

    • Sang Hyang. Têgêsipun amadhangi, awit ing ngajêng têmbungipun syang, têgêsipun padhang, amêndhêt saking padhanging srêngenge awan, sawênèhing sarjana, têmbung sang hyang, dipun wrêdèni angidini, kapêndhêt saking têmbung anuswara sahyan purba saking sahiya, têgêsipun angèstokakên, sarèhning pamanggih kalih wau têpang suraosipun, inggih prayogi sami kangge wêwaton, awit têmbung angidini, tuwin angèstokakên, saèstu gadhah kajêng amadhangakên, tandhanipun dewa kawasa sipat mirah sipat asih, anjurungi sakajating titah sadaya.
    • Sang Hwang. Têgêsipun sêsotyaning manusa, wijangipun, sang: sotya, adi; hwa: manusa, saking têmbung, wong, dene wong punika jarwanipun piyambak paklowongan, inggih raga, inggih awak, inggih sarira, satêngahing sarjana têmbung sang hwang, dipun wardèni pêpijèning sêsotya, wijangipun sang: sotya, dene hwang gadhah jarwa ingsun, saking têmbung ingwang, dene têgêsipun sun wau, andhewe, piniji, witipun saking têmbung suhun, têgêsipun sumêmi, inggih punika gêsang, inggih gêsang inggih wiji, dene têmbung sun, gadhah parerehan ingwang, têmbung ingwang, gadhah parerehan têmbung sumêmi, saking sumêmi wau.
    • absara. Têgêsipun waskitha, punika ngajêng saking têmbung aibsara, wijangipun aib: elok, samar; sara: landhêp, alus, lêpas, dados pikajêngipun ingkang lêpas botên kasamaran, dene sumêrêp sadèrèngipun winarah, ingkang gaib ingkang elok ingkang samar sampun kacakra wontên siring budi sadaya. Dene têmbung Sangsêkrita wontên ingkang mirib suraosing têmbung absara, inggih punika absra, têgêsipun êrèh alus, bokmanawi pamêndhêtipun ngajêng saking têmbung absra wau, awit alus lêpas punika bangsaning samar, punapadene rèh saèstu inggih saking elok, sabab absara punika taksih badan alus, jisim rohkani, mila bôngsa absara punika kala samantên botên mêsthi ingkang mutrakakên, nanging inggih bangsaning jawata sadaya.
    • jiwata. Têgêsipun paugêraning gêsang, wijangipun jiwa: nyawa; ta: paugêran, sawênèhing sarjana, têmbung jiwata, jinarwan jêjêring wiji, wijangipun ji: rahsa, inggih wiji, saking parji, wata: jêjêr, saking wat.
    • gana. Têgêsipun wujud kawasa, sawênèhing sarjana têmbung gana, kajarwanan luhur, dados saking wancahaning têmbung gêgana, kabêkta bangsaning para dewa sagêd angambah ing awang-awang.
    • mahanasa. Têgêsipun langkung kawasa, wijangipun maha: luwih, agêng; nasa: kawasa.
    • dewa. Kabêkta saking namaning panggenan, sawênèhing sarjana têmbung dewa, dipun têgêsi karsa ingkang linangkung, wijangipun, de: kajêng; wa: linangkung.
    • dewata. Têgêsipun paugêraning pulo dewata.
    • jawata. Têgêsipun guruning tanah Jawi.
    • suksmanasa. Têgêsipun kawasa kang samar, wijangipun suksma: samar, nasa: kawasa.
    • amara. Têgêsipun samar, amor]].
    • bathara. Têgêsipun agêng, jêmbar rèhipun.
    • widadara. Têgêsipun roh ingkang langgêng, wijangipun widada: slamêt, inggih slamêt inggih langgêng; ra: roh, sawênèhing sarjana têmbung widadara dipun têgêsi gônda kang rakêt, wijangipun kadamêl dados ngalih wanda, wida: gônda, borèh; dara: rakêt.
    • sura. Têgêsipun wani, roh, dene saking kabêkta badan alus.
    • sidhya. Têgêsipun têrang, dene wêruh sadurunging winarah.
    • hong. Têgêsipun kinajrihan.
    • rêsi. Têgêsipun suci.
    • wiku. Têgêsipun pitêdah kawruh.

Namaning Widadari

Dasanama liya-liya

besut